Ngelmu Sedulur Papat Limo Pancer

Yen arep sinau bab dasar ngelmu bathin lan kanggo angrampungake masalah johir utawa bathin. Tak saranake anggayuh disik bab sedulur papat lima pancer. Ngelmu iku biso di anduweni tanpa ananing lelaku abot kaya dene kang kawedar ing umum. Bab sedulur papat lima pancer bisa ginayuh yen pribadi anduweni kunci spiritualing pribadi yaiku ka petung saka jeneng lan data komplit uga asmane tiyang sepuh kandung kekalih diarani petung jangkung aji saka. Bab petung iku nora bakal katemokake ono ing primbon utawa petung liyo, kajobo bisa paham bab carakan asma jatining pribadi soko kaweruh jangkung ajisakan. Dene arep melu privat para sedulur bisa melu program ning S45P, di waos link iku kanti bener-bener, dene kurang ngerti utawa pengen konsultasi, njih monggo sowan ono ing griya kang sampun diparingi ngertos alamatipun wonten mriku.

Opo tho, bedane ngelmu sedulur papat limo pancer sing diajarke dukun utowo paranormal gowo pengisian, jurus olah nafas utowo, lelaku poso njipuk edoman primbon utowo buku-buku sing di dol ono pasaran? Bedane ya okeh, mergo ngelmu asli kui kudu nguasai kunci asmo pribadine, tanpo duwe kunci ora bakal kabuko sejatining katiyasan spirituale pribadine. Keno dibukteke sinau mrono mrene tanpo anduweni kunci sejatine pribadi ya ora bakal rampung lelakune, di rewangi poso, tirakat, sajen sak piturute amung tetep durung tekan opo sing dikarepake bab ngelmu sing bakal digayuh ya iku sedulur papat limo pancere. Keno moco artikel, moco buku, sapiturute amung malah anggawe bingung kakean teori, kakean tatacara, kakean rapalan. Kui luprahe wong  awam sing ijeh golek-golek kaweruh mulo istilahe "ngelmu angele yen durung ketemu".

Ngelmu Angele Yen Durung Ketemu

Istilah bab ngelmu angele yen durung ketemu mergo durung ngerti dalane, durung reti ngendi papan nggulang kaweruhe, malah mbingungi kabeh program dukun dijajal direwangi mbuwak-mbuwak duit. Saking bingunge kakean ngelmu sing disinaoni malah dadine gendeng utowo sinting kedanan ngelmu. Yen sinau seko buku diwoco ya kudune cerdas goleki nara sumbere, iso sinau karo sing reti bab buku iku. Kui coro kang pinter ora rumongso pintere dewe. Okeh sing ngaku pinter mung sejatine minteri liyane, bab ngelmu ya sadermo istilahe jare, yen ngelm jare ketemu jare njur dadine kepiye? Akhire tinemo podo jarene, kasunyatane mboh podo ora retine. Yen bab mangkono iku diarani sinau seko Kitabul Jare. Mulo ben ngelmu iku tinemu kudu nduwe kawicaksanan seko pribadi, mbukak penggalihing roso ugo pemikrane, ora njur saklek ngugemi sakabehe jarene. Yen nganti ijeh ngugemi bab jarene ya bakale ngelmu angele yen durung ketemu.