Wong linuwih iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan.
Yen kumpul karo mitra kudu bisa ngetrapake tembung
kang manis, kang pedhes, sepet, bisa gawe senenging ati liyan.
Yen kumpul pandhita kudu bisa ngucapake tembung kang sarwa becik.
Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonake kuwasa pangaribawa kaluwihane.
Manawa awakmu durung mangerteni marang bab sing mbok anggep ora becik,
aja kesusu ngatonake rasa sengitmu, gedhene nganti maoni lan nglairake
panacad. Awit kawruhana yen pikirane manungsa iku tansah mobah-mosik lan
molak-malik. Apa kang mbok kira ala lan kok disengiti iku ing tembe
mburi bisa-bisa malih dadya kang disenengi, kepara malah bisa dadi
gantungane uripmu.