Ngelmu Kejawen

Bab ngelmu jawa dikenal nganggo istilah kejawen. Jawa iku saka turun temurun wes anduweni budaya kang adi luhung, bab tepo sliro, unggah ungguh, adat istiadat, temeko bab kaweruh lan ngelmu bathin. Okeh poro sedulur anduweni pepinginan bab sinau bab ngelmu kejawen, ana kang pengen nguasai kaweruh budaya lan ono ugo kang pengen bab kaweruh ngelmu bathin. Ngelmu bathin ono kejawen kasebut kebathinan, kebathinan iku bab ngelmu olah rasa. Amung kang wus biasa lumampah sadurunge anggayuh bab kebathinan, anduweni dasar bab olah kanuragan lan jayakawijayan. Bab ngelmu rata-rata anglakoni tirakat anyinaoni seko kitab primbon, amung kang kudu perlu digatekake ngelmu iku kudu entuk tuntunan karo wong kang ahli bab primbon ngelmu bathin iku. Yen amung angger anglakoni opo bisa manjing lan sampurna ngelmune, yen mung modal nduweni primbon wong anglakoni koyo dene tuntunane iso sekti mesti okeh wong kang sekti tanpo owah pikire dadi gendeng utowo edan. Ngelmu ono primbon mesti ora bakal diungkap kanti gamblang opo tahap lelakune, primbon mung kanggo wawasan dudu pedoman, yen meh lelaku ngelmu ya kudu merguru karo wong kang ngerti lan nguasai bab primbon wus paripurno lelakune. 
Bab ngelmu kejawen yen sing asli lan murni nora ono gubahan soko para Wali Songo kang disisipke ngelmu islam, wong kang sinau wajib kudu angapalake lan ngenal disik huruf carakan utowo hanacaraka. Yen dasar kaweruh wes kaungkapno banjur ngenal bab kadewan, padunungan, perewangan, lan jangkungan. Bab ngelmu kejawen iku kang dikenal ngelmu kasepuhan jangkung adjisaka. Ngelmu iku wong kang sinau bisa nguwasani pusaka kepraboning awak lan laduni adam makna ugo jatining kawula gusti. 

Bab ngelmu kejawen jangkung adjisaka iki wes okeh sedulur kang anyinaoni, amung ono keprihatinane sing keturunan jawa amung setitik kang minat nyinaoni bab ngelmu kasepuhan warisane leluhure iku, malah okeh wong luar negeri seko Eropa, Amerika lan Thailand kang nyinaoni ngelmu iku. Yen wong nuswantara rata-rata seko Bali lan setitik asli Jawane.
Ngelmu jawa asli saka Hyang Prabu Adji Saka anduweni manfaat multifungsi kanggo sakarepane saniate ing opo tujuane. Ngelmu kasepuhan iku tanpa okeh ngerapalke mantra, amung mantra kuncen jatining diri kang diterapake. Iki kang jaman biyen di rahasiakake marang para pinisepuh supaya ngelmu iki murni nora kacampur ngelmu jawa liyane, amung yen kang anyadari iki kasebut aliran kepercayaan dudu agama, yen meh dicampur bab dedongan moco dongo keyakinane disik ya nora popo rano masalah. Ngelmu iki dudu ngelmu setan utawa sesat, yen dibukak asline sing sesat iku wonge yen nyalahgunake ngelmune, sing setan iku tumindake wong kang gunake ngelmu kanggo bab kang ora bicik, iku ya kanggo bab ngelmu opo wae, dudu kejawen tok. ngelmu hikmah lan liyane iso disalah gunakake, mulo bab ngelmu setan utowo sesat iku dudu ngelmune amung derek didelok soko tumindake, mulo ilmu ireng utowo putih derek seko manungsone.